Wednesday, March 9, 2016

PRANATACARA SUPITAN

PRANATACARA SUPITAN

Assalamualaikum Wr.wb
Nuwun,

Para pinisepuh, sesepuh ingkang satuhu pantes sinudarsana (kaula bekteni). Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat ing kinurmatan.

Kaparenga kula sumela atur, nggempil kamardikan anggenipun sami wawan pangandikan. Kula minangka sulih sariranipun Bapak Sudarso sakaluwangsa ingkang hamengku gati kaparenga matur ing ngarsanipun para rawuh, medharake raos pangraos ingkang medal saking telenging manah.

Para rawuh ingkang dahat ing kinurmatan,

Ingkang sepisan Bapak Sudarso sarimbit ngonjukaken puji sukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT , dene awit barokah, rohmat saha hidayahipun ing titi wanci menika saged ngawontenaken pawiwahan supitan putranipun ingkang asmanipun Trisetyo Nugroho.

Kaping kalihipun Bapak Sudarso sekaliyan mboten kesupen ngaturaken pambagya sugeng rawuh dhumateng para lenggah kakung sumawana putri kairing atur gunging panuwun ingkang tanpa umpami. Dene panjenengan sami sampun kersa nglonggarake wekdal , ngenthengake sarira saha penggalih kangge ngestreni adicara menika sarta paring donga pangestu dhumateng nak mas trisetyo nugroho.

Kaping tiganipun boten kesupen ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para tangga tepalih, sanak sedherek, mitra sutresna, tuwin para mudha-mudhi ingkang sampun kanthi lila legawa paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa kemawon ingkang ndadosaken rancaging adicara menika.

Bapak Sudarso sekaliyan namung saged memuji mugi – mugi sedaya kesaenan panjenengan pikantuk lelintu ganjaran saking Allah SWT ingkang matikel-tikel. Aamiin.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kula AZKA FARADIBA ingkang kadhawuhan nglantaraken adicara sakmenika, keparenga maosaken urutaning acara. Wondene urut-urutanipun;

1.      Pambuka
2.      Atur Pambagya
3.      Tanggap Wacana
4.      Sabda Tama
5.      Panutup

Mekaten adicara ingkang badhe lumampah. Mugi-mugi tumapaking adicara saged lancar saha migunani tumrap kita sami. Amin.

Acara salajengipun Atur Pambagya, dhumateng ingkang kinurmatan Bapak M. Afif Nur Khaqim dipun sumanggaaken.

Makaten para rawuh. Kita lajengaken adicara kaping tiga inggih menika Tanggap Wacana, dhumateng ingkang kinabekten Bapak Rizki Firmansyah dipun sumanggaaken.

Makaten Tanggap Wacana saking Bapak Rizki Firmansyah. Adicara salajengipun inggih menika Sabda Tama, dhumateng ingkang kinurmatan Ibu Aisyaturrodiyah dipun sumanggaaken.

Bapak tuwin Ibu Sudarso ingkang dhahat kinurmatan, Para rawuh ingkang kinurmatan, sakmenika sampun dungkap purna.

Mboten kesupen, wonten kiranging suba sita anggenipun ananggapi para rawuh, saha kuciwaning anggenipun caos palenggahan , saha sanes – sanesipun saestu bapak Sudarso sekulawarga nyuwun agunging samodra pangaksami.

Ing wasana para tamu kasuwun kanthi saged kaparenga anglajengaken anggenipun sami lelenggahan kanthi suka renaning penggalih sinambi angresepi pasugatan ingkang kaladosaken ngantos dumugi paripurnaning pawiwahan menika. Mangga pepanggihan menika kita tutup kanthi waosan Hamdallah. Mangga sareng-sareng. Alhamdulillahirobbil’alamin. Nuwun.

Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.




0 comments:

Post a Comment