Wednesday, December 20, 2017

UPACARA-UPACARA BAYI ADAT JAWA BAHASA KRAMA LENGKAP "ADICARA WIWIT ING KANDHUTAN"

ADICARA WIWIT ING KANDHUTAN

Pawarta menawa jabang bayi wonten kandhutan mesthi gawe bungahing ati saben tiyang sepah. Pawarta menawa jabang bayi wonten kandhutan menika, bakal diungkapaken kalihan sekathahing udicara. Adicara- adicara kang wonten dikarepake saged dadi pendongane karaben jabang bayi enggal seger waras lan slamet nganthi lairipun.
Adicara Telon-Telon
Wiwit pawarta kang seneng menika wonten, tiyang sepahipun jabang bayi sampun ngrancang sakabehing adicara kang bakal kaleksanan. Wiwit jabang bayi tasih wonten tiga wulan kakandhut, sampun wonten adicara, kasebut telon-telon. Ing adicara telon-telon menika, tiyang sepah jabang bayi kapengin ngungkapaken rasa syukur dhumateng Gusti, amargi sampun nitipaken jabang bayi kang kakandut menika. Ing adicara telon-telon menika, kados adicara slmetan biasanipun, nanging ing adicara menika nyuwun pandongane keslametaning jabang bayi ing kandhutan. Ing adicara telon-telon menika, umbarampene sami kalihan ubarampenipun slametan biasanipun, kayata berkat kang isinipun sekul, mi, sambel goreng, tahu amba, urap-urap. Nanging uga wonten kang nyleneh ing adicara menika, yaiku wadahing berkat diseseli janur kuning, mula berkate diarani sekul klothang.
Adicara Tingkeban
Sasampunipun adicara telon-telon, wonten adicara  kasebut adicara tingkeban. Adicara tingkeban menika, kalaksanan wayahe jabang bayi pitu wulan ing kandhutan. Ing adicara tingkeban menika,wonten kang beda saking adicara telon-telon. Ing adicara tingkeban menika, tiyang sepahipun nyepakaken cengkir gadhing ingkang sampun digambari tokohing wayang. Biasanipun cegkir menika digambari wayang Kamajaya lan Dewi Ratih. Ing crita wayang, Kamajaya menika wayag kang bagus rupa lan bagus atine. Menawi  Dewi Ratih, uga ayu rupane lan atine. Dikarepake tiyang sepahipun jabang bayi menawa wadon saged kados Dewi Ratih lan menawa lanang saged kados Kamajaya. Salintunipun cengkir gadhing, tiyang sepahing jabang bayi uga nyepakaken dhawet, pala pendhem, pitik jago  ngengkung, jenang sengkala uga rujak legi. Rujakipun digawe saking buah  timun, pelem kang enom utawa diarani pencit, asam jawa, lan salintunipun. Pencit lan timun menika dipasrah uga diparingi duduh saka banyu gula jawa. Pala pendhem biasanipun kacang, tela kasepe, tela rambak , waluh, gembili, garut, gothe, lan salintunipun. Salintunipun pala pendhem menika uga wonten gedhang raja satangkep(rong lirang). Pitik kang digawe ngengkung menika, pitik jago. Menawa berkatipun isine sekul gurih, mi,sambel goreng, tahu amba, lan timun. Sekul gurih menika yaiku sekul kang dimasak kalihan santen, godhong pandan, godhong salam, godhong jeruk purut, lan uyah sacekape. Jenang abrit lan pethak menika digawe saking beras. Menawa jenang sengkala menika jenang kang werni abrit kalih pethak. Werni abrit menika katambah gula jawa, santen, lan pandan wangi, menawa jenang pethak menika katambahan santen lan pandan wangi. Biasanipun jenang kang pethak sekedhik lan ditumpangaken dhateng inggilipun jenang kang werni abrit.
Cengkir gading

Lakuning adicara tingkeban sami kalihan lakuning adicara slametan, nanging ing lakuning adicara tingkeban wonten wayahipun mecah cengkir gadhing. Wancinipun mecah cengkir gadhing  menika,menawa adicara slametan menika sampun kalaksanan. Ing adicara mecah cengkir gadhing menika, gawe arit. Menawa kang mecah menika nlisip minggir niku dipercadosi jabang bayi kang kakandhut niku wadon, menawa kang mecah menika sigar tengah brak niku dipercadosi jabang bayi kang kakandhut niku lanang. 
Adicara Brokohan
Adicara brokohan niku adicara kang sederhana. Brokohan menika dilaksanakaken menawa jabang bayi enggal miyos. Brokohan niku gadhah teges berkah utawi barokah, dikarepaken menawa jabang bayi kang nembe miyos  saged dados berkahing marang keluwarganipun. Ing adicara brokohan menika, berkatipun isine, sekul gurih, mi, tahu amba, sambel goreng, lan kulupan(urap-urap). Urap-urape, niku digawe saking kacang lanjaran, kangkung, lan bumbu klapa. Ing adicara brokohan menika, mboten kados adicara saderenge kang ngundang tanggi- tanggi supaya paring pendonga, nanging ing adicara menika, berkatipun  namung diter-teraken marang tanggi-tangginipun ateges niku tandha syukur berkahing saking Gusti.
Adicara Sapasaran
Adicara sapasaran niku adicara kang kalaksanan menawa jabang bayi enggal lima dina kalairanne. Saderengipun adicara sapasaran utawi sawise jabang bayi miyos, wonten adicara mendhem batur. Batur menika ari-ari bayi kang dilebetaken teng lebete kendil kalihan godhong waru, kembang goreh, alat tulis, tulisan huruf jawa, tulisan huruf arab, tulisan huruf abjad, tulisan angka, endhog pitik jawa, kunir, lan uyah. Banjur kendilipun ditutup lan dibungkus kain mori lan dipendhem teng sisih tengen lawang. Menawa jabang bayi miyosipun bengi, bature dipendhem dhateng sisih njeronipun lawang, menawa miyosipun awan, bature dipendhem teng sisih njaba lawang. Ing adicara sapasaran menika isi berkatipun sami kalihan adicara brokohan, nanging ing adicara menika katambahan kalihan iwel-iwel. Iwel- iwel menika jajanan kang digawe saking tepung beras kalihan klapa(kang diparut) ing njeronipun wonten isine gula jawa kang maringi rasa legi. Ing adicara sapasaran menika sami kalihan ing adicara brokohan, berkatipun diter-teraken marang tanggi-tanggi. Biasanipun jabang bayi sabibaripun adicara sapasaran nembe diparingi asma kalihan tiyang sepahipun. Asma kang dados pangarep-ngarepe lan pendongane marang jabang bayi. Biasanipun dibarengaken kalihan adicara aqiqohan.
Adicara Salapanan
Adicara salapanan niku adicara kang kalaksanan menawa jabang bayi sampun tiga dasa gangsal dina kalairanne. Ing adicara sapasaran menika isi berkatipun sami kalihan adicara sapasaran,  ing adicara menika uga katambahan kalihan iwel-iwel. Ing adicara sapasaran menika sami kalihan ing adicara brokohan lan sapasaran, berkatipun diter-teraken marang tanggi-tanggi.
Adicara Piton-Piton(Tedhak siti)
kurungan hias

Adicara Piton-piton niku adicara kang kalaksanan menawa jabang bayi sampun pitu wulan kalairanne utawi 7x35 dina . Ing adicara piton-piton menika dikarepake jabang bayi saged ngadhepi napa mawon pepalang ing uripe lan mujudake napa kang dados kagayuhane. Biasanipun ing adicara piton-piton menika,ngundang tanggi-tanggi. Ubarampinipun kang dibetahaken : sesaji slametan(sekul tumpeng, jenang segkala, jenang boro-boro lan jajanan pasar), jadah kang cacahing pitung werna(abrit, ireng, kuning, biru, jambon, lan ungu), kembang setaman kang diwadhahi bokor gedhe, lemah, lan andha saking tebu kang sampun direngga(dirias). Jenang boro-boro niku jenang kang digawe saking beras kathul. Wondene piranti kang dibetahaken kayata: kurungan pitik kang dirias nganggo kertas werna-werni, janur, pari, kapas, kembang telon, lan beras kuning. Piranti salintunipun kayata: alat tulis, kaca, jungkas, dhuwit receh.
Tata carane kang pisanan,jabang bayi bakal ditelah kanggo midak jadah lan kaping pindhone jabang bayi bakal diunggahake andha tebu, banjur dilebetaken teng kurungan pitik kang lebetipun sampun diisi bokor kang isine alat tulis, kaca, jungkas, dhuwit receh. Menawa jabang bayi milih alat tulis, mbesuke bakal pinter jalaran sregep sinau, jungkas mbesuke bakal pinter dandan utawa rias, menawa jabang bayi milih dhuwit, mbesuke bakal pinter golek dhuwit.

Reroncening adicara menika duweni teges simbolik, kayata andha saka tebu kang duweni teges antebing kalbu, dikarepaken jabang bayi mbesuke bisa nggayuh gegayuhane kanthi manteb lan cepet kasil, jadah duweni teges supaya mbesuke bakal bisa ngadhepi pepalang ing urip, kurungan pitik tegese supaya mbesuke bisa srawung kalihan masyarakat lan ngugemi paugeran kang becik ing bebrayan.

0 comments:

Post a Comment