ADICARA WIWIT ING
KANDHUTAN
Pawarta menawa jabang bayi wonten kandhutan mesthi gawe bungahing ati
saben tiyang sepah. Pawarta menawa jabang bayi wonten kandhutan menika, bakal
diungkapaken kalihan sekathahing udicara. Adicara- adicara kang wonten
dikarepake saged dadi pendongane karaben jabang bayi enggal seger waras lan
slamet nganthi lairipun.
Adicara Telon-Telon
Wiwit pawarta kang seneng menika wonten, tiyang sepahipun jabang bayi
sampun ngrancang sakabehing adicara kang bakal kaleksanan. Wiwit jabang bayi
tasih wonten tiga wulan kakandhut, sampun wonten adicara, kasebut telon-telon.
Ing adicara telon-telon menika, tiyang sepah jabang bayi kapengin ngungkapaken
rasa syukur dhumateng Gusti, amargi sampun nitipaken jabang bayi kang kakandut
menika. Ing adicara telon-telon menika, kados adicara slmetan biasanipun,
nanging ing adicara menika nyuwun pandongane keslametaning jabang bayi ing
kandhutan. Ing adicara telon-telon menika, umbarampene sami kalihan
ubarampenipun slametan biasanipun, kayata berkat kang isinipun sekul, mi, sambel
goreng, tahu amba, urap-urap. Nanging uga wonten kang nyleneh ing adicara
menika, yaiku wadahing berkat diseseli janur kuning, mula berkate diarani sekul
klothang.
Adicara Tingkeban
Sasampunipun adicara telon-telon, wonten adicara kasebut adicara tingkeban. Adicara tingkeban
menika, kalaksanan wayahe jabang bayi pitu wulan ing kandhutan. Ing adicara
tingkeban menika,wonten kang beda saking adicara telon-telon. Ing adicara
tingkeban menika, tiyang sepahipun nyepakaken cengkir gadhing ingkang sampun
digambari tokohing wayang. Biasanipun cegkir menika digambari wayang Kamajaya
lan Dewi Ratih. Ing crita wayang, Kamajaya menika wayag kang bagus rupa lan
bagus atine. Menawi Dewi Ratih, uga ayu
rupane lan atine. Dikarepake tiyang sepahipun jabang bayi menawa wadon saged
kados Dewi Ratih lan menawa lanang saged kados Kamajaya. Salintunipun cengkir
gadhing, tiyang sepahing jabang bayi uga nyepakaken dhawet, pala pendhem, pitik
jago ngengkung, jenang sengkala uga
rujak legi. Rujakipun digawe saking buah
timun, pelem kang enom utawa diarani pencit, asam jawa, lan
salintunipun. Pencit lan timun menika dipasrah uga diparingi duduh saka banyu
gula jawa. Pala pendhem biasanipun kacang, tela kasepe, tela rambak , waluh,
gembili, garut, gothe, lan salintunipun. Salintunipun pala pendhem menika uga
wonten gedhang raja satangkep(rong lirang). Pitik kang digawe ngengkung menika,
pitik jago. Menawa berkatipun isine sekul gurih, mi,sambel goreng, tahu amba,
lan timun. Sekul gurih menika yaiku sekul kang dimasak kalihan santen, godhong
pandan, godhong salam, godhong jeruk purut, lan uyah sacekape. Jenang abrit lan
pethak menika digawe saking beras. Menawa jenang sengkala menika jenang kang
werni abrit kalih pethak. Werni abrit menika katambah gula jawa, santen, lan
pandan wangi, menawa jenang pethak menika katambahan santen lan pandan wangi.
Biasanipun jenang kang pethak sekedhik lan ditumpangaken dhateng inggilipun
jenang kang werni abrit.
Cengkir gading |
Lakuning adicara tingkeban sami kalihan lakuning adicara slametan,
nanging ing lakuning adicara tingkeban wonten wayahipun mecah cengkir gadhing.
Wancinipun mecah cengkir gadhing
menika,menawa adicara slametan menika sampun kalaksanan. Ing adicara
mecah cengkir gadhing menika, gawe arit. Menawa kang mecah menika nlisip
minggir niku dipercadosi jabang bayi kang kakandhut niku wadon, menawa kang
mecah menika sigar tengah brak niku dipercadosi jabang bayi kang kakandhut niku
lanang.
Adicara Brokohan
Adicara brokohan niku adicara kang sederhana. Brokohan menika
dilaksanakaken menawa jabang bayi enggal miyos. Brokohan niku gadhah teges
berkah utawi barokah, dikarepaken menawa jabang bayi kang nembe miyos saged dados berkahing marang keluwarganipun.
Ing adicara brokohan menika, berkatipun isine, sekul gurih, mi, tahu amba,
sambel goreng, lan kulupan(urap-urap). Urap-urape, niku digawe saking kacang
lanjaran, kangkung, lan bumbu klapa. Ing adicara brokohan menika, mboten kados
adicara saderenge kang ngundang tanggi- tanggi supaya paring pendonga, nanging
ing adicara menika, berkatipun namung
diter-teraken marang tanggi-tangginipun ateges niku tandha syukur berkahing
saking Gusti.
Adicara Sapasaran
Adicara sapasaran niku adicara kang kalaksanan menawa jabang bayi enggal
lima dina kalairanne. Saderengipun adicara sapasaran utawi sawise jabang bayi
miyos, wonten adicara mendhem batur. Batur menika ari-ari bayi kang dilebetaken
teng lebete kendil kalihan godhong waru, kembang goreh, alat tulis, tulisan
huruf jawa, tulisan huruf arab, tulisan huruf abjad, tulisan angka, endhog
pitik jawa, kunir, lan uyah. Banjur kendilipun ditutup lan dibungkus kain mori
lan dipendhem teng sisih tengen lawang. Menawa jabang bayi miyosipun bengi,
bature dipendhem dhateng sisih njeronipun lawang, menawa miyosipun awan, bature
dipendhem teng sisih njaba lawang. Ing adicara sapasaran menika isi berkatipun
sami kalihan adicara brokohan, nanging ing adicara menika katambahan kalihan
iwel-iwel. Iwel- iwel menika jajanan kang digawe saking tepung beras kalihan
klapa(kang diparut) ing njeronipun wonten isine gula jawa kang maringi rasa
legi. Ing adicara sapasaran menika sami kalihan ing adicara brokohan,
berkatipun diter-teraken marang tanggi-tanggi. Biasanipun jabang bayi
sabibaripun adicara sapasaran nembe diparingi asma kalihan tiyang sepahipun.
Asma kang dados pangarep-ngarepe lan pendongane marang jabang bayi. Biasanipun
dibarengaken kalihan adicara aqiqohan.
Adicara Salapanan
Adicara salapanan niku adicara kang kalaksanan menawa jabang bayi sampun
tiga dasa gangsal dina kalairanne. Ing adicara sapasaran menika isi berkatipun
sami kalihan adicara sapasaran, ing
adicara menika uga katambahan kalihan iwel-iwel. Ing adicara sapasaran menika
sami kalihan ing adicara brokohan lan sapasaran, berkatipun diter-teraken
marang tanggi-tanggi.
Adicara Piton-Piton(Tedhak siti)
kurungan hias |
Adicara Piton-piton niku adicara kang kalaksanan menawa jabang bayi
sampun pitu wulan kalairanne utawi 7x35 dina . Ing adicara piton-piton menika
dikarepake jabang bayi saged ngadhepi napa mawon pepalang ing uripe lan
mujudake napa kang dados kagayuhane. Biasanipun ing adicara piton-piton
menika,ngundang tanggi-tanggi. Ubarampinipun kang dibetahaken : sesaji
slametan(sekul tumpeng, jenang segkala, jenang boro-boro lan jajanan pasar),
jadah kang cacahing pitung werna(abrit, ireng, kuning, biru, jambon, lan ungu),
kembang setaman kang diwadhahi bokor gedhe, lemah, lan andha saking tebu kang
sampun direngga(dirias). Jenang boro-boro niku jenang kang digawe saking beras
kathul. Wondene piranti kang dibetahaken kayata: kurungan pitik kang dirias
nganggo kertas werna-werni, janur, pari, kapas, kembang telon, lan beras
kuning. Piranti salintunipun kayata: alat tulis, kaca, jungkas, dhuwit receh.
Tata carane kang pisanan,jabang bayi bakal ditelah kanggo midak jadah
lan kaping pindhone jabang bayi bakal diunggahake andha tebu, banjur
dilebetaken teng kurungan pitik kang lebetipun sampun diisi bokor kang isine
alat tulis, kaca, jungkas, dhuwit receh. Menawa jabang bayi milih alat tulis,
mbesuke bakal pinter jalaran sregep sinau, jungkas mbesuke bakal pinter dandan
utawa rias, menawa jabang bayi milih dhuwit, mbesuke bakal pinter golek dhuwit.
Reroncening adicara menika duweni teges simbolik, kayata andha saka tebu
kang duweni teges antebing kalbu, dikarepaken jabang bayi mbesuke bisa nggayuh
gegayuhane kanthi manteb lan cepet kasil, jadah duweni teges supaya mbesuke
bakal bisa ngadhepi pepalang ing urip, kurungan pitik tegese supaya mbesuke
bisa srawung kalihan masyarakat lan ngugemi paugeran kang becik ing bebrayan.
0 comments:
Post a Comment